Selasa, 03 Desember 2013

Kisah Kakang Lan Adi Dalam Pewayangan

Cerita Wayang Karno Tanding

Dicritakake ndisik ana putri kang ayu, sing jenenge Dewi Kunthi. Dewi Kunthi  nikah karo Prabu Kumojoyo lan urip ing desa kerajaan sing jenenge  “Pandhawa”. Dheweke dikaruniai anak sing jenenge, KARNA. Sakwise Pirang tahun Dewi Kunthi nduwe anak meneh sing dijenengake ARJUNA. Dewi Kunthi  sayang banget marang  Arjuna, ndelok kabeh iku Karna ngarasa awake gak diperhatekne marang ibune, Karna sampek nguncali watu marang ibune, Dewi Kunthi utawa ibune iku langsung nesu marang Karna, tanpa gak sadar Dewi Kunthi ngomong kang sing gak apik marang Karna sing nyebabake Karna lara ati. Akhire Karna milih ngaleh saka Kerajaan Pandhawa.

Sak wise pirang-pirang tahun Karna kalungonan Karna saka kerajaan, ibune mesti nggoleki lan nangisi karna. Ing sawiding dina, pasa ibune mikirne Karna lan njaluk marang para dewa ngge nemokake dheweke karo Karna. Ora suwene wektu, kakrungu swara bocah enom suarane kaya Karna.

Ing istana Karna ketemu ibune, nanging maksud mbalike Karna ing kerajaan uduk kangge ketemu kaluarga lan dulure. Nanging maksude Karna yaiku kangge ngerti keadaan ibune lan karna njaluk restu kangge dadi Ksatria perang. Ibune ora ngrestuake amergo yen dadi Ksatria perang podo karo Karna nglawan adi adine dhewe. Karna ora nggagas, lan dheweke langsung lunga ninggalake ibune kang nangis amerga kaputusan Karna.

Akhire, peperangan antara  Arjuna  saka kesatrian Madukoro dadi  Ksatria perang Negara Amarta melawan Adipati Basukarno utawa Karna saka Awonggo dadi Ksatria perang Negara Astina.

Prabu Salyo lan Sengkuri nduwe rencana arep mateni Abimanyu, salah siji anak saka  Arjuna, Amergo  pihak Astina kaweruh Kerajaan Amarta arep diturunake marang Abimanyu, amerga kuwi sasaran utamane yaiku mateni Abimanyu.

Pas wektune perang, Abimanyu wis okeh katusuk anak panah, nanging Abimanyu tetep nahan sampek mati. Sak wise, Mase Semar nemokake mayit Abimanyu sing kagletak kaku. Mase Semar karo Kresna yaiku kakak Arjuna bingung mikirake Kerajaan Amarta. Arjuna sing durung ngerti katiwasan putrane terus nyusun rencana kangge mbinasakake Ngastina.  Sak wise ngerti  katiwasan putrane, Arjuna langsung maju kadewean kanggo nglawan Prajurit Ngastina. Kurawa ngrasa senang, amergo biso mateni Abimanyu. Nanging tanpa diweruhi, Abimanyu ndue garwa sing lagi mbobot, lan mengkone anak iku sing ngantikake Abimanyu.

Karna nantang Arjuna kangge  ndang perang. Nanging Arjuna menolak, amergo dheweke ngerti Karna iku sadulur kandunge dhewe. Karna ngongkon Arjuna njupuk senjatane. Nanging  Arjuna nolak ngge perang. Akhire atine Karna luluh, terus Karna lan Arjuna  saling kapelukan. Karna sadar Arjuna iku adik siji-sijine sing didhuweni. Ibune weruh lan ngrasa seneng.

sumber: media wayang kulit bahasa jawa













Tidak ada komentar:

Posting Komentar